5/15/2013

CONTOH CERITA BAHASA JAWA



NGERAKIT KOMPUTER

            Dina minggu tanggal 12 Februari 2012, dina sik gawe aku seneng banget lan gawe aku guyu, sangka omah aku di gegeri Ivan karo Ibnu di kongkon ndang gage moro nik omahe Ivan amarga ana tugas “Ngeraket Komputer”, banjur aku langsung adus ndang gage langsung mangkat numpak angkot ngasi tekan Taman Kartini, sakwise tekan taman aku di kongkon ibnu sms ivan ben diparani nik taman, ndelalah pas ivan marani aku deweke malah ora ngerti aku dadinan ivan malah keblanjurngasi tekan ngarep kantor bupati, aku banjur ngundang ivan gembor-gembor ngasi deweke mlengai aku, sak durunge tak undang aku ngguyu ngakak amarga ivan keblabasen, banjur iku aku langsung di ampiri nik cedak kantor polisi aku langsung numpak montore ivan banjur aku langsung moro omahe ivan yen ning omahe ivan wes di enteni ibnu.
            Banjur aku wis tekan omahe ivan banjur dolanan laptop podo facebookan dewe-dewe, banjur facebookane wes rampung,aku banjur mulai ngerjakno tugas “Ngeraket Komputer” karo ivan, ibnu. Banjur aku karo ivan mulai ngotaki baute lan sik ibnu ngyoploki kabel-kabele, wes bar ngresiki komputer karo ngeraket komputer, banjur tak jajali komputere ndelalah isobanjur gang sediluk ono keluk metu dadi aku karo ivan lan ibnu kaget banjur komputere tak pateni langsung tak goleki sikmetu kelue iku sik endi, ndelalah ibnu kualek masange kabel ATA, aku  karo ivan ngguyu ngeklek perkoro iku, banjur di walek kabele langsung dijajal ndelalah isolan ora ngetokno keluk meneh.
            Ngasi jam 10 kliwat, aku karo ivan nutukno Presentasine Pak Sholikin sik durung rampung, banjur ivan ape nglebokno video nik prentasine kui, aku di kongkon ngewangi ivan kon nglebokno videone, ndelalah videone ogag iso amergo file ogag cocok banjur moro omahe Pak Cakra kongkon mbenakno presentasi iku, aku karo ivan, ibnu langsung mangkat moro omahe Pak Cakra, banjur videone ora iso aku karo ivan lan ibnu langsung bali nik omahe iva ndelalah nik ndalan aku di kagetno ibnu amergoibnu kejebur got ngasi sikile reget kabeh, banjur ibnu ngresiki sikile nik masjid jedak omahe pak cakra, sak wise ngresiki aku,ivan,ibnu langsung muleh nik omahe ivan nutukno presentasine.
            Jam 11.00 ivan ape moro nikomahe Natalia ape kongkon mbenakno videone sik ogag iso di lebokno nik presentsi, banjur ivan pamit ape moro omahe Natalia, sak wise iku hp aku ono sms masuk jebule songko ivan, terus tak bukak malahan isine kongkon aku ngeterno bensin amergo montore kentekan bensing nik cedak tasik agung, aku langsung kondo ibuke ivan amergo ivan kentekan bensin nik ndalan, ibukke ivan langsung nukokno bensin 2 liter, terus aku di kongkon nusul moro rono kon ngeterno bensine ivan, terus aku mangkat karo ibnu numpak montore ivan sik sijine, sak wise tekan dalan aku bingung nggoleki ivan ndelalah cedak took oleh-oleh khas rembang, terus aku di undang malahan aku ape nabrak becak sik nik ngarepku amergo kaget pas di undang ivan, aku ya ngguyu malahan dadine ngguyu kabeh, malahan aku lali ora nggowo corong nggo ngisi bensin sidane ivan nduwe akal tangane sik di enggo ngisi bensin, sakwise ngeterno bensin aku langsung balik moro nik omahe ivan karo ibnu.
            Jam 11.30 ivan lagi muleh tak enteni suwi ngasi gantuk-ngantuk, langsung podo ngemil jajan sik tuku nik ngguri omah ngasi warek, gang sediluk aku di ajak ivan meneh nik omahe Natalia ape mbenaknno meneh videone, terus aku langsung budal karo ivan nik omahe Natalia, terus aku pamit ibnu tak kon nunggoni omah sediluk, sak wise tekan kono malahan Natalia turu terus di gugah ibuke, terus Natalia tangi karo kukur-kukur sirah, nik kono aku omong-omongan ngasi suwi terus ono koncone Natalia sik pacakane koyok cah lanang sik jenenge vera cah SMA 3 Rembang, dadinan nik kono dadi rame ketambahan konco siji, sak wise ngomong suwi nik omahe Natalia, aku karo ivan pamit muleh ndisik amergo ape nutukno tugas meneh.
            Jam 12.00 aku muleh moro nikomahe ivan, nik kono ibnu wes ngenteni suwi ngasi deweke keturon terus aku di amok ibnu soale deweke tak tinggal dewekan nik omah, terus bar iku aku karo ibnu,ivan resik-resik alat sik kanggo gawek tugas,sak wise iku aku langsung bali ape di terno ivan aku di kongkon ngenteni ndisik nik ngarep omah amergo ivan ngeterno ibnu ndisik, sakwise banjur aku gentian di terno ivan ngasi tekan ngotet. Terus ivan bali muleh aku langsung numpak bus moro omah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar