5/17/2013

Contoh Undangan bhs. Jawa





Sulang , 16 Mei 2013



Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Winantu sagunging pakurmatan.

Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami, AGUS TUNGGAL HARDIAN  mbenjang ing,

Dinten             : Seloso Wage
Suryo Kaping  : 23 Mei 2013
Wanci              : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing       : Griyo kulo Sulang Rt 02 Rw 04 Sulang, Rembang

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.



Atur Taklim kawulo,

Kulawarga Bpk. HERNAWAN AJI sakbrayat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar